Senin, 07 Desember 2015

Tradisi Nyadran Laut Tawang



A.    PENDAHULUAN
Tradisi Nyadran wonten ing Kabupaten Kendal menika bentuk sedekah laut ingkang dipun gelar para nelayan lan penduduk ingkang wonten ing pesisir laut utara Kabupaten Kendal. Nyadran Laut Tawang inggih menika sedekah laut ingkang nglarungakensirah, sikil, lan buntut sapi, jajanan pasar, serta sesaji wonten ing laut Tawang. Tradisi menika warisan sangking nenek moyang ingkang taksih lestari ngantos samenika. Dereng ngertos kapan Tradisi Nyadran ing daerah menika dipun wiwiti. Nyadran utawi sedekah laut menika ritual taunan lan biasanipun dipunlaksanakaken dinten jemuah kliwon wula suro.
Kathah unsur-unsur ingkang wonten ing upacara nyadran wau, nanging uga ana unsur-unsur Islam. Unsur-unsur animisme menika dipun kira-kira sampun wonten sangking jaman pra-islam. Menawi unsur-unsur Islam menika pengaruh Islamisasi ingkang dipun sebaraken kaliyan wali sanga khususipun penyebaran agama Islam di Jawa Tengah.
Kagem masyarakat nelayan lan sekitaripun, upacara nyadran menika tradisi luhur ingkang kedhah dipun uri-uri, nanging uga ana pihak-pihak ingkang badhe ngicalaken tradisi nyadran menika. Kagem masyarakat nelayan tradisi nyadran menika minangka tasyakuran utawi rasa syukur kangge Gusti Allah ingkang sampun paring rejeki. Kagem masyarakat nelayan sekitaripun, perayaan nyadran menika penting sanget. Selain saget nguri-uri budhaya warisan leluhur, mereka uga yakin menawi gelar tasyakuran menika rejenipun masyarakat bakal terjamin. Dados, adicara nyadran laut tawang menika dipun gelar kange rasa syukur masyarakat lan kangge sarana perlindungan supaya mereka tetep selamet.

Nyadran ing Laut Tawang dipun lampahi saben setaun sepisan ing wulan Muharam utawi wulan Suro ing penaggalan Jawa. Tradisi persembahan laut menika kangge ngungkapaken rasa syukur lan terima kasih kangge Gusti Allah ingkang Maha Agung. Tradisi sedekah laut menika uga awujud rasa syukur nelayan atas berkah ingkang melimpah arupa hasil laut lan keslametan sangking Gusti ingkang Maha Agung. Laut Tawang uga dados pariwisata ing Kabupaten Kendal lan saget ngundang ribuan wisatawan ora amung sangking Kabupaten mawon.
Ing tradisi nyadran menika, syukuran ingkang dipun lnkapi kaliyan do’a lan mantra menika salah atunggalipun ritual inti. Menika dipun laksanakaken kangge timbal balik warga atas rejeki ingkang dipun peroleh.
1)      Sedekah laut menika dipun lampahi saben setaun sepisan ing wulan suro. Tradisi laut tawang menika dipun gelar ing dinten jemuah kliwon ing wulan suro wau.
2)      Tradisi nyadran menika panggenanipun wonten ing Laut Tawang Desa Gempolsewu Kecamatan Rowosari Kabupaten Kendal.
3)      Pelaksana adicara tradisi nyadran Laut Tawang inggih menika panitia penyelenggara sangking Desa Gempolsewu wau.

Sedekah laut menika dipunlampahi saben setaun ing wulan suro. Tradisi nyadran laut Tawang menika biasanipun dipungelar dinten jemuah kliwon ing wulan suro. Nanging kerameanipun sampun katinggal sangking H-7 utawi seminggu saderengipun  pelarungan. Merga H-7 menika dipunwontenaken lomba-lomba, kados lomba balapan prau, lomba ngiyas prau, lomba sepak bola, voli, lan snes-sanesipun. H-3 dipunwontenaken Istigoshah ing Tempat Pelelangan Ikan (TPI) kangge nyuwun donga dhateng Gusti ingang Maha Agung supados tradisi nyadran saget lumampah kanthi lancar. H-1 dipunwontenaken karnaval, arak-arakan sapiingkan badhe dipun larungaken dinten benjingipun. Dados, saderengipun sapi dipun sembelih, sapi wau dipun arak ngubengi kampung rumiyin sangking  lapangan Desa Gembolsewu ngantos ing muara Sigentong. Enjingipun, kinten-kinten jam 01.00 dini hari, sapi dipun sembelih lajeng dipun olah kejabasirah, sikil lan buntut.

Ing dinten H-nipun prosesi ritual dipun wiwiti nalika sampun wonten ular-ularan prau ing muara pantai Sigentong. Ingpanggonan wau, sesaji lan puluhan ambengan utawi nasi tumpeng, lengkap kaliyan lalapanipun, serta lauk pauk ingkang dipun bekta warga lan pemilik prau, lajeng dipundhunaken lan pemika agama mimpin warga supados saget dedonga sesarengan.
Lajeng ambengan dipun dhahar sareng-sareng. Sasampunipun prosesi donga sareng-sareng rampung, panitia pesta laut Tawang lajeng mbagekake daging sapi ing kabeh prau ingkang wonten ing mriku, saben prau angsal sebungkus daging sapi. Lajeng sangking muara pantai Sigentong ubarampe sesaji wau ingkang arupa sirah, sikil lan buntut sapi serta aneka jajan peken dipuntata wonten ing prau kertas yaiku prau cotok ingkang dipun hias ngangge bendera warni-warni.
Iring-iringan puluhan prau nelayan ingkang mbentuk ula-ulanan nalika prau ingkang ngangkut sesaji sampun siap dipunlarungaken. Ingkang ndherek ing prosesi nyadran laut tawang inggih menika Bupati/wakil, Kepala Desa, Camat, dan Panitia pesta laut. Cacahipun prau nelayan saya tambah nalika nglarungaken sesaji ing laut lepas sangking muara.

Kinten-kinten nelayan mendhet toya ing laut, lajeng dipungebyuraken ing praunipun piyambak-piyambak. Prosesi menika dipunpercayai kaliyan para nelayan kagem ngalap berkah.
Tradisi Nyadran Laut Tawang inggih menika pesta laut utawi sedekah laut ingkang nglarungaken sirah, sikil, lan buntut sapi, jajanan peken sarta kemenyan ing tengah laut. Ancasipun tradisi menika yaiku saget ngalap barokah lan nyuwun donga kaliyan Gusti ingkang Maha Agung supados para nelayan dipun paringi keslametan nalika melaut.
Nalika jaman rumiyin tradisi nyadran menika sifatipun syirik, merga kepercayaan masyarakat jaman rumiyin menawi nglarungaken sirah, sikil, lan buntut sapi wau dipun percayai kangge tumbal laut sanes sedekah laut. Nanging, masyarakat samenika sampun sadar lan tradisi nyadran menika sampun dados tradisi minsngks rasa syukur dhateng Gusti ingkang Maha Agung lan kangge ngurmati laut ingkang samenika sampun dados sumber panguripan kangge masyarakat sekitaripun.

2)      Saran
Tradisi-tradisi ing masyarakat kados nyadran menika kudu dipunlestarikaken. Sanesipun wau mugi-mugi tradisi menika saget ndamel kita sedaya sadar lan saget ndamel kita ntresnani alam lan laut ing sekitar kita merga  laut menika sumber kauripan kita sedaya.

DAFTAR PUSTAKA

Sugiyono, Sugeng, dkk (ed.). Menguak Sisi-sisi Khazanah Peradaban Islam.  Yogyakarta: Adab Press. 2008
Kuntarto, Niknik M. 2010. Cermat dalam Berbahasa Teliti dalam Berfikir. Jakarta: Mitra
Wacana Media
Thohir, Mudjahirin. 2009. Metodologi Penelitian Folklor. Semarang: Badan Penerbit Universitas
Diponegoro
Suara Merdeka. 2003. “Sehari sebelumnya menelan korban, Tradisi Laut Tawang Meriah”.
Dalam

Tidak ada komentar:

Posting Komentar