Senin, 07 Desember 2015

Sinopsis Cerita Soekirman



Soekirman lahir ing desa Tualang, Perbaungan, Serdang Begadai, Sumatera Utara. Bapak lan ibune soekirman yaiku pak subardi lan ibu isayaah. Pakaryane pak subardi yaiku tani lan laku dagang woh-wohan. Ibune soekirman yaiku isayaah, anak ke 5 saka sedulur 6 wedok kabeh. Nalika bapakne seda, soekirman isih umur 3 tahun. Sabanjure dirawat dening pakdhe min lan budhe sanikem amargi pakdhe lan budhene ora kagungan momongan, saengga soekirman tutug anggone ngrasakake katresnane. Sakliyane soekirman uga ana ponakan liyane kang dirawat pakdhe.
Pakdhe kang kabeneran njabat ketua RT ing desa pagar jati ngajari wong-wong desa maca lan nulis. Amargi ngajarine ning omah, soekirman njur melu-meu sinau arepa during sekolah. Mulane nalika soekirman mlebu SR wis nter maca lan nulis. Wiwit cilik soekirman wis dididik pakdhe supaya bisa nandangi pakaryan apa wae. Soekirman takon marang pakdhe ngadimin ngengingi sejarahe wong jawa tekan ing tlatah serdang begadai. Taun 1904 simbah buyut pindah neng perbaungan lan ing taun iku mbah jusuf simbahe soekirman lahir ing desa tualang.
Soekirman mbangun bale wisma nalika umur 27 taun, yaiku ing tanggal 14 maret 1982, wektu kui soekirman wis makarya ing USU kanthi jabatan asisten dosen pangkate gol II/b ing fakultas pertanian USU. Soekirman uga nyambi mulang ing STM pertanian lubuk pakam. Soekirman nikah karo marliah, bidan ing puskesmas pagar jati. Bapakne marliah jenenge rahmat lan ibune hildaria saka suku batak margane panggabean. Simbahe marliah jenenge H. hasan asale saka purworejo, jawa tengah, kecamatan bagelen, dusun segiloh. Soekirman kagungan putra 5. Lan nate diruwat nganggo tata cara adat jawa tanggal 14 maret 2007 bareng karo mengeti ulang taun perkawinan perak.
Putra kang pambajeng anama searca agung nugroho, sateruse panji septocahyo, dimas triadji, dipa wicaksono lan prasetyo feldafing. Putra pambajeng sinau ing fakultas ekonomi. Putra keloro sinau arsitektur lan putra ketelu ing komunikasi, sakabehane ing USU medan. Saliyane kuliah putra pambajeng uga dadi guru privat kanggo siswa SMP lan duwe usaha liyane.
Kursus-kursus kang nate dilakoni yaiku AMDAL, perencanaan partisipatif, perencanaan pembangunan, pertanian organic, leadership pedesaan lan community development. Wiwit kelas 5 SD, soekirman kurang seneng karo matematika. Sakwise SMP luwih seneng ilmu sejarah lan basa Indonesia utawa ips. Amarga lulus sipenmaru ing taun 1975 akhire melbu Fakultas Eksakta ing USU. Soekirman ngedegake Yayasan Bina Kertrampilan Pedesaan, salah sawijining LSM kang mbukak sesrawungan kanggo masarakat marginal ing taun 1986. Penghargaan kang nate ditrima yaiku Kalpataru 1986, Pemuda Pelopor Nasional 1990, Dosen Berprestasi 1990, Ashoka Fellow 1988. Taun 1980 sawise entuk gelar BSc ing babagan pertanian, Soekirman dadi Pegawe Negeri Sipil posisine asisten dosen. Taun 1983 namatke S1 lan golongane mundhak mundhak dadi III/a, terus diangkat dadi bosen  Mekanisme Pertanian, Soekirman uga nyambi ing konsultan pembangunan pabrik gula ing Sumatera Utara jabatane site engineer.
Soekirman kepilih dadi presiden umum WALHI Nasonal 1983-1989, lan pengurus Sekterariat Bina Desa Jakarta 1990-1996. Taun 2004 melu nyalon dadi anggota DPD Sumatra Utara. Taun 2005 nyalon dadi Wakil Bupati Serdang Begadai Sumut lan kepilih ndampingi Bapak Erry Nuradi sing dadi Bupati. Iku bibit kawit cikal bakal Ndalem Soekirmanan kang alamate ing Jl. Air Bersih Ujung kompleks Pertamina No. 22 Kelurahan Binjai, Kecamatan Denai, Medan. Kanggo nduweni hak milik mbutuhake wektu kang dawa, taun 1983 isih kontrak. Saka tabungan kang ora sepira akehe, Soekirman lan Bu Kirman urip gemi nastiti. Syukur alhamdulilah ing taun 2000 omah kontrakan iki dadi hak milik kluwarga Soekirman. Dadi bupati ing Sergai tumrape Soekirman iku minangka pengabdian. Soekirman pengin mujudake bebrayan kang adil makmur panjang-punjung pasir wukir, gemah ripah loh jinawi,tata tentrem kartaraharja.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar