Selasa, 22 Desember 2015

Tradisi Dugderan di Kaliwungu Kabupaten Kendal

Tradisi Dugderan di Kaliwungu
Kabupaten Kendal 



Gambar 1 dan 2 Dugderan di Kaliwungu              
Gambar 3 Masjid Al muttaqin Kaliwungu

Tradisi Dugderan neng Kaliwungu inggih menika tradisi ingkang sampun wonten sangking jaman rumiyin, yaiku tradisi ingkang dipun wontenaken nalika kita badhe mlebet wulan Ramadhan. Dinten saderengipun puasa sing wektu ndalune sampun dipun mulai sholat Tarawih. Tradisi Dugderan menika papanipun biasane wonten ing sekitaripun Masjid Besar Almuttaqin Kaliwungu ingkang samenika asring dipun tempataken wonten parkiranipun Masjid. Lan biasanipun dipun wiwiti Pawai ta’aruf ingkang dipun adakaken kaliyan IRMAKA (Ikatan Remaja Masjid Almuttaqin Kaliwungu).
Tradisi dugderan ala kaliwungu piyambak biasanipun dipun isi kaliyan berbagi makanan khas Kaliwungu, wiwit sangking sumpil (makan ingkang dipun damel kados lontong nanging bentukipun segitiga alit ingkang dipun bungkus ngangge godhong pring (bambu), dipun paringi sambal kelapaingkan dipunpisah), klepon, ketan warna, serabi lan sanes-sanesipun.

Gambar makanan khas Kaliwungu (sumpil)

Tradisi Dugderan piyambak kangge warga Kaliwungu mungkin sampun kathah ingkang mangertos. Nanging kangge tiang-tiang sangking luar Kaliwungu dereng mesthi mangertos tentang tradisi menika. Pengunjung sangking luar Kaliwungu nggeh kathah ingkang dhateng boten amung mersani tradisi Dugderan ala Kaliwungu mawon nanging ugi nyicipi makanan khas Kliwungu menika.
Pengunjung ingkang kathah rata-rata sangking Ibu-Ibu kaliyan anak-anakipun, wong wadon sing ayu-ayu lan Bapak-Bapak kaliyan keluwarganipun, lan sangking kalangan pemudha uga kathah ingkang mersani utawa seekedar mlampah-mlampah kaliyan mersani makanan ingkang wonten ing mriku lan mersani kaendahan Sang Maha Kuasa ingkang sampun paring nikmat kados makaten.
Semoga tradisi menika saget tetep lestari lan boten tergusur kaliyan budhaya-budhaya sing wonten ing jaman samenika.
Amin...
Maturnuwun



Tidak ada komentar:

Posting Komentar