Selasa, 22 Desember 2015

Ibu

Ibu

Ing temlawung iki
Sliramu ana ing ingetanku ibu
Sing kebak welas asihe
Sliramu rela nyambut gawe ing ngisor pananse bhagaskara
Sliramu gelem rekasa
Kebak getih lan keringet
Kabeh mau udu alangan kanggo sliramu ibu
Kanggo aku..
Anakmu ibu..
Saben dinamesthi disayang
Akeh nasehat becik saka sliramu ibu
Belai tanganmu kang kiat
Anggone jaga aku, anakmu ibu
Tanpa sliramu,
Awak iki ora ana artine
Wanci terus mlaku
Nanging sliramu mesthi ana kango aku
Welas asihmu tansah nagyomi
Pandongamu ana ing lakuku ibu..
Anakmu iki njalok ngapura ibu.
Sing ora kiat mbales welas asihmu..
Ibu..
Ibu..

Aku kangen marang sliramu..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar