Selasa, 29 Desember 2015

Macapat



Pucung lan Artine
1.   Ngelmu iku kalakone kanthi laku
2.   Lekase lawan kas
3.   Tegese kas nyantosani
4.   Setya budaya pangekese dur angkara
Artinipun :
Ilmu itu hanya dapat diraih dengan cara dilakukan dalam perbuatan
Dimulai dengan kemauan
Artinya kemauan yang menguatkan
Ketulusan budi dan usaha adalah penakluk kejahatan

1.   Angkara gung neng angga anggung gumulung
2.   Gegolonganira
3.   Triloka lekeri kongsi
4.   Yen den umbar ambabar dadi rubeda.
Artinipun :
Kejahatan besar di dalam tubuh kuat menggelora
Menyatu dengan diri sendiri
Menjangkau hingga tiga dunia
Jika dibiarkan akan berkembang menjadi bencana

http://kesolo.com/contoh-macapat-pucung-beserta-artinya/

Rabu, 23 Desember 2015

Pengertian wayang Indonesia kaliyan Jenis-jenisipun

Wayang Lan Jenisipun

Pengertian wayang Indonesia

Wayang yaiku salah sawijining seni ingkang arupa drama asli Indonesia. Seni pertunjukkan menika kados seni suara, seni musik, seni sastra, seni rupa, seni tutur lan sanes-sanesipun. Wayang menika dipundhamel sangking boneka kayu, ingkang sampun populer ing wilayah Tanah pasundan, daerah penyebrangan uga amba lan gedhe sangking Cirebon ing sisih wetan ngantos wilayah Banten ing sisih kulon. Wonten pinten-pinten pendapak ingkang ngungkapaken menawi pertunjukan wayang menika mboten namung kesenian amargi gadhahi lambang-lambang keramat.


Samenika Jenis-jenis wayang ing Indonesia

1. Wayang
Beber



Wayang beber menika salah sawjining wayang ingkang paling tuwa ing Indonesia, lan asalipun sangking masa akhir zaman Majapahit ing Jawa. Wayang dipungambaraken ngangge gulungan kertas sarta kejadian-kejadian utawi adegan-adegan  penting ing sajrone cerita. Ing pertunjukan cerita menika lembaran gambar panjang dipunterangaken kaliyan dalang.

2. Wayang Purwa



Wujudipun sami kaliyan wayang kulit, wayang golek, lan wayang wong utawi dipun sebat kanthi sebutan (orang) kaliyan mempergelarkan cerita ingkang sumberipun sangking kitab Mahabaratha utawi Ramayana. Kata purwa (pertama) dipun agem kangge mbedaken wayang jenis purwa kaliyan wayang kulit sanesipun.

3. Wayang Gedog 


Arti tembung Gedog ngantos samenika dereng dipun mangerteni artinipun menapa, tembung gedog menika asalipun sangking suwara dog, dog ingkang medal sangking ketukan sang dalang nalika nuthuk kotak wayang ingkang wonten ing sisihipun dalang. Nanging para sarjana barat tembung gedog menika dipuntafsiraken kandang jaran, artinipun (basa jawa:gedogan = kandang jaran), ing basa kawi gedog menika jaran. Bentuk seni rupa Wayang Gedog ingkang sangking kulit dipuntatah kaliyan sunggihan ingkang rapih mendhet pola dasar wayang kulit purwa jenis satriya sebrangan.


4. Wayang Golek



Wayang Golek inggih menika seni budaya sangking daerah jawa barat ingkan sampun populer, cerita ingkan dipun pentasaken uga syarat nuansa dakwah, fasalfa hidup, perjuangan hidup lan nasihat-nasihat uga hiburan ingkang dipundipun pentasaken kaliyan dalang.


http://www.macammacambudayaindonesia.com/2015/07/pengertian-wayang-indonesia-beserta.html

Selasa, 22 Desember 2015

Seni Karawitan

Seni Karawitan

Pengertian lan Sejarah


Gambar seperamgkat gamelan

Pengertian karawitan
Karawitan sendiri adalah musik Indonesia yang berlaras non diatonis (dalam laras slendro dan pelog) yang garapan-garapannya sudah menggunakan sistim notasi, warna suara, ritme, memiliki fungsi, sifat pathet, dan aturan garap dalam bentuk instrumentalia, vokalis dan campuran, enak didengar untuk dirinya maupun orang lain (Suhastjarja,1984).

Karawitan asalipun sangking basa jawa rawit sing artine rumit, berbelit-belit, nanging rawit uga bisa diartike halus, indah-indah. Sedangkan tembung ngrawit artine suatu karya seni kang nduweni sifat-sifat sing halus, rumit, lan indah.
Tembung jawa karawitan khususe dienggo kanggo ngacu karo musik gamelan, musik Indonesia sing sisteme nada nondiatonis ( dalam laras slendro lan pelog ) sing garapan-garapane nggunakake sistem notasi, warna suara, ritme, sing nduweni fungsi, pathet lan aturan garap sing ketara nyata dalam sajian gending, baik iku sing bentuke sajian instrumentalia, vokalia lan campuran sing endah dirungokke. Sing ngandung nilai-nilai histories lan filsofis kanggo bangsa Indonesia, utawa asesoris liyane.


http://yokimirantiyo.blogspot.co.id/2013/02/seni-karawitan-definisi-laras-dan.html

Kembang Melathi

Kembang Melathi

Kembang melathi
Arummu semerbak mewangi
Kahananmu saiki ana ing endi...?
Ana ing endi...?
Sliramu wus angel digolek
Ora kaya jaman mbiyen..
Nalika semana..
Sliramu kang an ing ngarep omah
Kang ana ing taman
Sliramu katon puteh
Katon suci
Endah
Lan mekar..



NEGARAKU

NEGARAKU

Negaraku
Negara kang sugeh
Nanging,
Durung ana sing bisa manfaatke
Negaraku
Negara kang subur
Nanging,
Akeh wong sing ora tanggung jawab
Negaraku
Negara kang makmur
Nanging,
Iseh akeh wong sing padha tawuran
Negaraku
Negara kang endah
Nanging,
Reregetan iseh akeh ing endi-endi


Ora Ana Gunane

       Ora Ana Gunane

Awak iki wus kesel kabeh
Golek rono rene
Nganggo keringet
Sing wus netes-netes
Apa sing mbok pengeni
Aku turuti
Nanging,
Iki kabeh ora ana gunane
Merga kowe wus karo wong liya
Ora ana gunane
Awakku iki kanggo kowe
Ora ana gunane
Keringet iki kanggo kowe