Selasa, 22 Desember 2015

Kenangan Mu

Kenangan Mu

Dika, yaiku cinta pertamaku. Dika kuwi bocahe ganteng, bisa didelok saka irunge sing bangir, alise sing tebel lan awake sing gagah. Dheweke kuwi saka keluwarga sing duwe, saliyane kuwi uga akeh sing seneng lan arep nyedaki dheweke, nanging Dika ora tau ngrespon, kanggo Dika aku iki sing paling penting. Minggu esuk iki niatku arep neng omahe Dika merga dheweke wingi ora mlebu sekolah lan ora menehi aku kabar. Omah gedhe sing cate putih lan latare amba kuwi yaiku omahe Dika. Aku narik napas sedelok supaya aku wani mlebu neng omahe Dika.
          “Pak? Dikane wonten?” pitakonku marang Pak Satpam.
          “Oh.. Den Dika ana neng rumah sakit Dhek Nisa, dadi omah iki sepi ora ana wong.” Celatune Pak Satpam kuwi.
          “Loh? Emnge Dika lara apa Pak?” pitakonku sing pengen ngerti keadaane Dika.
          “Nak kuwi Pak Satpam ya ora ngerti Dhek Nisa, saiki Dhek Nisa bali wae, yen arep ngenteni baline mesthi bengi.” Ujare Pak Satpam.
          “Ya mpun Pak maturnuwun, Nisa wangsul rumiyin nggeh Pak?” akhire aku langsung lunga saka gerbang kuwi nanging pikiranku isih durung tenang tentang Dika sing lagineng rumah sakit.
          Nanging kenapa dheweke ora cerita karo aku? Apa mungkin dheweke lali? Utawa sawalikke, dheweke durung sempet menehi aku kabar yen dheweke lara?
Dina sesuke dheweke nemoni aku ing kantin sekolah karo wajah sing pucet.
          “Sayang, aku njalok maaf ya?” ujare Dika karo nyikep aku.
          “Kenapa awakmu adhem sayang? Awakmu lara?” pitakonku bingung, banjur aku ngelus pipine.
          “Ora apa-apa kok sayang, aku pengen sedina iki weruh lan pengen karo awakmu..aku wedi yen ora bisa karo awakmu maneh!!” ujare Dika sing gawe aku tambah bingung.
          “Aku neng kene sayang, awakmu ora usah kuwatir ya aku ora bakal nengdi-nengdi kok.” Ucapku karo mbales nyikep dheweke.
          “Kring! Kring! Kring! Bel tandha masuk kelas wis muni, aku cepet-cepet mlebu kelas lan ninggalke Dika ing kantin dhewe.
          “Sayang aku neng kelas sek ya” Bye muach..” teriakku. 
Rong jam sawuse pelajaran terakhir rampung, bel tandha rampunge jam sekolah wis muni. Oku ora sengaja krungu cerita saka kancane Dika sing ngucapke belasungkawa.
“Emange sapa sing ninggal Ar?” pitakonku karo Ardi.
Dheweke mung ndingkluk lan nahan sedhih, ketara saka mripate sing arep nangis.
“Ar? Sapa toh sing ninggal?” aku takon maneh.
“Emange kowe ora ngerti Nis?” dheweke takon marang aku.
“Temenan Ar, aku ora ngerti apa-apa.”
“Sayang yuk bali!!” Dika nyelok aku saka pintu gerbang.
          “Ar aku bali sek ya, Dika wis marani aku.” Aku banjur marani Dika ing gerbang, nanging nalika aku wis tekan gerbang dheweke malah ora ana ing kana.
          “Apa mungkin dheweke wis bali dhisik ya?” pikiranku. Ora suwi aku uga langsung bali neng omah.
          Ing dalan aku weruh bendera werna kuning sing ana ing ngarep omahe Dika. Aku banjur mlayu ing omahe Dika lan pengen ngerti sapa sing ninggal. Sawise tekan ing kana aku takon karo Pak Satpam, nanging Pak Satpam mung meneng wae. Jantungku deg degan, atiku ora karuwan rasane lan awak iki kaya-kaya Kaku ora bisa apa-apa, aku wedi yen iki dadi sing ora tak karepake. Saka njaba lawang omahe Dika aku weruh awak wong lanang sing turon lan wis dibalut nganggo kain kafan sing nutupi sakujur awake. “Dika?” ujarku lirih. Langsung wae aku mlayu lan nyikep jenazah wong lanang kuwi sing wis ora ana nyawane.
          “Dika.. Dika.. tangi Dik, iki aku.. aku ngerti awakmu durung ninggal, awakmu mung ngapusi toh? Ayo Dik buka mripatmu!!”
          “Eluh saka mripatku ngalir deres, awakku kaya-kaya oleh guncangan sing kenceng kaya banyu sing kasaput ombak gedhe.
“Dika kenapa Kak? Ana apa iki Kak!!” pitakonku ora sabar.
          “Dika njalok maaf Dhek, merga dheweke ora tau cerita tentang penyakit kanker kronis sing dheweke alami Dhek. Dika ora gelem yen Dhek Nisa sedhih. Maturnuwun telung taun iki Dhek Nisa wis gelem ngancani Dika Dhek. Kakak ngerti Dika karo Dhek Nisa kuwi padha-padha seneng lan cintane Dhek Nisa karo Dika kuwi tulus. Nanging Dhek Nisa kudu tegar, alame Dhek Nisa karo Dika saiki wis bedha lan mungkin bakale Dhek Nisa bisa ketemu maneh karo Dika.” Ujar Kakak Dika marang aku.
          “Kenapa Dika jahat karo aku Kak? Kenapa Dika ora tau ngomong tentang iki? Mau Dika isih karo aku neng sekolahan Kak, dheweke uga nyikep aku Kak. Dika ngomong yen dheweke ora gelem ditinggal aku, nanging apa? Malah dheweke sing ninggal aku...” aku mung bisa nangis lan nyeritakke kejadian sing mau tak alami neng sekolah, nanging ora ana sing perduli. Mungkin pikirane iku mung khayalanku, aku uga ora bisa apa-apa amung bisa meneng lan nangis.
Setaun wis kelewat.
Aku natap pemandangan sing endah karo nglamunake Dika. Akeh banget kenangan sing aku lewati karo dheweke, apa maneh nalika dheweke natap mripatku lan ngambung keningku. Aku pengen kuwi bisa terulang maneh lan aku pengen anniversarry sing kaping papat iki ana dheweke. “Dika? Yen wektu iki bisa tak puter, aku bakal ngenteni awakmu sampe kapan wae. Nanging kuwi ora bakal terjadi merga duniane awake dhewe wis bedha, meski ngana cintamu bakal tetep abadi lan tetep ing ati iki...” nalika kuwi aku ngrasa yen Dika ana ing sisihku lan mesem karo aku.
“Aku berharap awake dhewe bisa ketemu maneh, meski mung ing mimpi lan khayalan.”
Cuthel





Tidak ada komentar:

Posting Komentar