Jumat, 11 Desember 2015

Kapan Awakmu Bali


Tik tok tik tok. Uwis kawit mau Laras merhatikke jam tangane, nanging tatapane uga durung ngalih saka jam tangane sing warnane jambon iku.
“Ayo, ndang cepet bel Ya Allah.” Omongane dheweke lirih.
Kanyatane dudu Laras wae sing ora sabar anggone ngenteni bel sing nandakake jam sekolah rampung. Nanging kabeh murid neng kelase Laras yaiku kelas X uga ngenteni bel mau. Sakelas mau wajahe ketar pucet karo kringet sing terus ngalir saka pelipise dhewe-dhewe. Jam pelajaran terakhir iki didisi karo pelajaran Bahasa Inggris. Bukane bocah-bocah ora seneng karo pelajaran iki, nanging merga guru sing mulang yaiku Ibu Carti. Ya, Bu Carti yaiku guru sing terkenal galak neng sekolahane Laras. Sabenere Ibu Carti kuwi wonge apik banget. Nanging sifate bisa maleh kapan wae yen ana muride gawe kesalahan. Kabeneran dina kuwi kancane Laras sing jenenge Rio gawe kesalahn karo Bu Carti. Banjur dudu mung Rio sing kena amarahe Bu Carti, nanging kabeh murid sakelase Laras uga kena.
“Bukane Ibu wis ngekon kowe kabeh kuwi kanggo sinau neng omah toh? Kenapa njawab pertanyaan sing gampang kaya ngana wae ora bisa..?” ngendhikane Bu Carti teges.
Suasana sepi, kabeh murid ana sing wani ngangkat sirahe.
“Laras!” celuke Bu Carti.
Krungu jenenge Laras diceluk. Laras banjur deg-degan lan atine rasane ora karuwan.
          “Ibu kasih satu pertanyaan kanggo awakmu, coba sebutke!” durung rampung anggone Bu Carti nyampekake pertanyaane, banjur...
Kring! Kring! Kring! Bel tandha bali wis muni.
          “Ya mpun anak-anak, pelajarane teruske minggu ngarep nggeh. Saniki angsal wangsul.” Ngendhikane Bu Carti.
          “Horee!!” teriak anak-anak semangat.
          “Huh.. hampir wae.” Celatune Laras lega.
          Dina iki dheweke ora diparani karo Bapake, dadi dheweke kudu mlaku. Untunge omhe Laras ora adoh saka sekolahan. Nalika dheweke nglewati omhe Bang Ridho, dhewehe weruh ana bocah wadon kira-kira umure padha karo dheweke. Bocah wadon kuwi rambute pendek.
          “Sapa ya bocah kae? apa mungking saudarane Bang Ridho sing diceritakake Bapak wingi?” pitakone Laras neng njero ati.
Dina sesuke, sekolahe Laras bali luwih gasik dadi dheweke kudu ngenteni Bapake. Dumadakan ana bocah wadon njawil pundake.
“Hai! Awakmu Laras ya?” pitakone bocah wadon kuwi.
“Iya, Eh..sek sek, kayane aku tau weruh awakmu.” Celatune Laras karo ngeling-ngeling neng endi  dheweke weruh bocah wadon kuwi.
“Emm, kenalke ku Dinda. Aku adhike Bang Ridho.” Celatune Dinda kro ngulurake tangane.
“Oh iya, aku lagi kalingan. Em.. kok awakmu ngerti jenengku?” pitakone Laras karo mbales uluran tangane Dinda.
“Aku ngerti saka Bapakmu. Og iya Ras, aku oleh bali karo awakmu apa ora?” pitakone Dinda.
“Oleh kok.” Jawabe Laras karo ati seneng.
“Aku uga oleh dolan neng omahmu ora?” pitakone Dinda merga dheweke ora an kncane yen neng oamh.
“Oleh Din, kabeneran aku uga ora ana kancane nen omah. Ayo Din, Bapakku wis teka!” ajak Laras.
Ora krasa kelancanane Laras lan Dinda wis mlaku ana sewulan. Dina-dinane Laras sing biyen sepi, saiki disi karo dind sing bocahe ceria. Kadang-kadang Laras sampe klalen wektu nalika lagi neng omahe Dinda. Dina iki Dinda ora ngajak Laras main, nanging Dinda arep pamitan. Dinda arep mangkat neng Boyolali sesuk jam 10.00 awan lan arep bali neng Batam sawuse lulus SMA. Laras sedhih banget merga sawuse kuwi Laras ora bakal duwe kanca sing bisa dijak main kaya Dinda maneh.
Dina sesuke, sadurunge mangkat neng Bandara Hang Nadim, Dinda menehi kotakan karo Laras. Kotak mau isine Boneka Kelinci lan fotone Dinda. Laras uga menehi Boneka Lumba-lumba lan fotone Laras kanggo Dinda. Esuk kuwi, Laras lan sakeluwargane arep nganter Dinda lan sakeluwarga neng Bandara Hang Nadim. Tepat jam 09.30, mobil Laras wis tekan neng Bandara Hang Nadim. Wetku kuwi susanane udan deres banget. Dinda nyikep Laras kenceng.
“Aku lunga ya Ras,” ujare Dinda.
“Iya, ati-ati ya Din! Ojo lali telfon aku ya!” omonge Laras.
Dinda metu sakaa mobil karo Ibune Bang Ridho.
“Maturnuwun nggeh Om, Tante!” ujare Dinda. Dheweke banjur nglambekake tangane marang aku.
Laras nangis, lan sawuse mobil wis mlaku adoh saka Bandara Hang Nadim, Ibune Laras cerita yen Dinda kuwi sebenere dudu adhik kandunge Bang Ridho. Wong tuwone Dinda ninggal wis suwi. Banjur Dinda diangkat anak karo keluwargane Bang Ridho. Laras kaget banget krungu kanyatan kuwi merga Dinda ora tau ngomong tentang kuwi karo dheweke. Laras ora nyangka yen sahabate sing ceria kuwi sebenere nyimpen kenangan sing nyedhihake. Dinda kudu kelangan wong tuwane nalika isih umur 9 taun. Beja ana keluwargane Bang  Ridho! Ujare Laras ing njero ati. Laras duwe tekad bakal ngenteni Dinda muleh. Dheweke pengen yen wektu iki mlaku kanthi cepet. Supaya dheweke bisa ketemu Dinda lan main  baremg maneh kaya biyen.
Sawulan suwene wis kalewat, Laras ora tau mutus hubungan karo Dinda, walau jarak wong loro kuwi adoh. Tekan saiki wong loro kuwi mau isih kerep komunikasi lewat telepon. Nalika wektu perjalanan arep neng Bandara Hang Nadim biyen sadurunge Dinda lunga kae Laras sempet janji karo Dinda yen dheweke bakal ngenteni lan ora bakal klalen karo Dinda. Wong loro mau uga jani yen bakal dadi sahabat salawase. 

Cuthel

           


Tidak ada komentar:

Posting Komentar