Selasa, 22 Desember 2015

Cerkak Ngenteni

Ngenteni

Wis suwi aku namatke dheweke, nanging aku mung bisa mandeng saka kadohan. Adoh mung tembung-tembung sing wis ora penting maneh kanggone awakku. Merga cedakku lan dheweke, cedak kuwi mau mung mimpi kanggo aku. Kaya-kaya ana jarak kang adoh antara aku lan dheweke. Radhit, kenapa aku bisa seneng banget karo awakmu?
“Hei, Fara awakmu nglamunke sapa toh..? meneng wae kawet mau. Hp-ne ora bakal mlayu dadi ora usah dipandeng terus. Lagi mikerke sapa...?” pitakone Wahyu sing gawe aku kaget, dheweke banjur njagong neng sisihku .
“Eh ora apa-apa kok, mau ibuku sing sms.” aku golek alesan sing bisa nutupi lamunanku marang dheweke. Sing mesthi dudu Wahyu, nanging Radhit.
Kaya-kaya Wahyu ngerti yen aku ngapusi marang dheweke, Wahyu mung meneng banjur lunga maneh karo kanca-kanca sing lagi kumpul-kumpul mau.
          Mungkin aku pancen ora ayu lan manis kaya Shindy sing ana ing sisihe Radhit saiki, mungkin aku uga ora sepinter lan ora sempurna kaya Shindy. Nanging aku yakin, yen tresnaku tulus kanggo dheweke. Sing mung tak simpen dhewe lan aku yakin ora ana sing ngerti saliyane aku lan Gusti sing Maha Agung. Wektu kuwi wes nunjukake jam 5 sore. Bocah-bocah sing ana tambahan  pelajaran kanggo UAS nemba wae metu. Aku, Wahyu, Rian, Shindy lan dheweke, Radhit banjur mberesake buku-buku sing semrawut ana ing Masjid. Aku karo kanca-kancaku bisa diarani  ‘seneng’ bolos yen ana jam tambahan. Saliyane gurune sing mbosenake, uga guru-gurune ora cocok karo sifate aku lan anca-kancaku. Pancen Egois. Nanging pancen kaya kana, aku lan kanca-kancaku.
          Aku seneng karo Radhit saka patang taun kapungkur, wektu aku pertama kali weruh dheweke ing salah sawijining panggonan. Dhek biyen, wektu SMP aku lan kanca-kancaku kerep lunga lan dolan-dolan neng Mall, neng kana Radhit uga kerep melu karo kanca-kancane. Biyen aku lan Radhit amung kenal jeneng thok. Nanging wiwit dheweke ngajak dongeng lan omong-omongan aku maleh cedak lan ana perasaan karo dheweke.
          “Fara, dina iki dijemput sapa?” pitakone Radhit karo aku. Radhit wis siap karo motore lan Shindy ana ing boncengane, mesthi ana rasa lara ing atiku weruh wong loro kuwi cedak. Nanging sapa aku..?
          “Ibuku wis arep rene kok Dit.” Jawabanku karo ati sing rada abot.
          “Oh, yawis.. aku dhisik ya Far.”           
          “Dhisik ya Far,” Shindy melu nyapa aku. Aku mung mesem banjur ndelok wong loro mau saka kadohan sing lagi boncengan karo guyonan katon seneng banget. Ing njero ati, aku uga pengen dadi alesan sing bisa gawe Radhit ngguyu lan seneng kaya ngana. Nanging, apa aku bisa..?
          Wektu cepet banget anggone mlaku lan saiki UAS wis rampung. Aku ora percaya yen bakal nyopot almamater putih abu-abuku lan bakal mlebu ing tingkat pendidikan sing luwih dhuwur yaiku universitas. Nanging ana apike saiki, aku maleh bisa cedak karo Radhit. Aku ora ngerti kapan aku mulai bisa cedak marang dheweke. Nanging kanyatane kaya ngana. Atiku seneng banget marang kanyatan sing kaya ngene. Nanging aku ora yakin yen dheweke mung nganggep aku kanca utawa luwih saka iku. Sawetara aku neng kene mesthi ngarep yen dheweke nganggep aku luwih saka kanca.
          Setaun kapungkur aku wis cedak karo Radhit. Aku karo dheweke  mlebu jurusan sing padha lan kabeneran uga sekelas, nanging angen-angenku tetep wae isih padha. Aku ora ngerti kenapa aku isih bisa setya sesuwe iki marang dheweke. Radhit uga ora tau ngomong tentang perasaane karo aku. Nanging, dina iki sawuse kuliyah tepate jam wolu bengi, dheweke ngajak ketemu lan pengen ngomong sesuatu karo aku. Aku duwe angen-angen muga-muga iki wektune. Nanging yen iki dudu sing tak kerepke, aku kudu tegar kanggo nrima kuwi kabeh. Aku uga ora bisa apa-apa kejaba amung bisa ngarep supaya dheweke seneng marang aku.
          “Fara, wis suwi aku pengen ngomong iki marang awakmu. Wiwit pertama kali awake dhewe ketemu neng Mall kae. Pokoke wiwit aku dongeng, omong-omongan karo awakmu lan awake dhewe nyambung marang siji lan sijine. Sajane wingi-wingi aku wis arep ngomong. Nanging, aku wedi yen nyinggung awakmu. Dadi perasaan iki tak simpen dhewe nganti ana wektu sing pas kanggo ngomong karo awakmu.”
          Saiki dheweke mulai ngundang aku karo sebutan ‘aku lan awakmu’. Atiku rasane ora karuwan lan jatungku gemeter, kaya-kaya ora bisa mandhek. Aku nyoba nenangke suasana, nanging tetep ora bisa. Suasana kang adhem neng Kutha Bandung kaya-kaya gawe aku tambah panas lan adhem.
          “Arep ngomong apa,? pitakonku karo Radhit.  Aku nyikep kenceng jaket sing tak enggo merga kaya-kaya suasana tambah adhem wae. Yen aku ditinggal neng kene, aku yakin aku ora bakal bisa balik merga aku ora ngerti tempat iki. Kaya lapangan kang amba sing akeh lintang-lintange.
          Dheweke meneng sedhelok. Nanging dheweke banjur njupuk jaket ing mobile, banjur jaket mau dienggokake neng aku. Lan sing gawe aku kaget dheweke uga nyikep aku. Aku ngrasakake panas ing sekujur wajahku. Pikiranku uga kaya-kaya ora bisa berfungsi normal maneh.
          “Emm.. Dit,” aku nyoba nguculake awakku saka sikepane. Nanging, aku ngerti aku ora bakal kuwat kangggo kuwi. Dadi aku amung bisa meneng.
          “Fara, aku seneng marang awakmu Far.” Kuwi tembung-tembung sing aku krungu saka Radhit. Aku mandeng wajahe. Dheweke katon serius karo kata-katane mau. Aku mung mesem lan mbales sikepane dheweke.
          Mungkin iki jawaban anggone aku ngenteni sesuwe iki. Biyen mung ora pasti sing aku oleh, nanging saiki sing ora pasti kuwi pungkasane dadi manis. Aku ngrasakake seneng kang banget, sing durung tau aku rasakake sadurunge. Aku bisa wae ora percaya sing Radhit omongke, nanging mripate nyatakake keseriusan sing jeru. Aku percaya kuwi. Lan sing paling aku percaya, aku yakin yen angen-angen lan mimpiku bakal kawujud.  Kapan, neng endi, kaya ngapa kawujude, lan aku yakin kabeh kuwi bakal dadi endah ing wektune.

Cuthel

           


Tidak ada komentar:

Posting Komentar