Tampilkan postingan dengan label Budhaya. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Budhaya. Tampilkan semua postingan

Jumat, 01 Januari 2016

Pengertian Kethoprak



Pengertian Kethoprak

Kethoprak kuwi hampir padha karo ludruk, kethoprak yaiku drama tradisional sing diperagakake karo sebuah grup kesenian lan digelar ing sebuah panggung karo njupuk cerita sejarah, cerita panji, dongeng lan liya-liyane kanthi diselingi lawak.
Kethoprak muncul ing taun kurang luwih 1922 nalika masa Mangkunegara. Kesenian iki diiringi musik gamelan sing arupa lesung, alu, kendang lan seruling. Merga certa utawa pantun-pantune merupakan sindiran kanggo pemerintah utawa kerajaan dadi kesenian kethoprak iki dilarang. Nanging kesenian rakyat iki akhire tetep bisa berkembang ing pedesaan/ pesisiran. Sawuse tekan ing Yogyakarta kethoprak disempurnakke karo iringan gamelan Jawa sing lengkap karo tema ceritane njupuk saka babad sejarah, cerita rakyat utawa kerajaane dhewe.
Ciri khas kethoprak yaiku nganggo dialog bahasa jawa. Tema cerita ing sebuah pertunjukan kethoprak kuwi wern-werna, biasane dijupuk saka cerita legenda utawa sejarah jawa. Sing dijupuk saka luar negeri uga akeh. Nanging cerita ora tau njupuk saka cerita epos(wiracarita): Ramayana lan Mahabharata. Sabab mengko pertunjukane dudu kethoprak maneh nanging maleh dadi pertunjukan wayang wong.

http://ockym.blogspot.co.id/2011/01/pengertian-ketoprak.html

Kethoprak



Sejarah Kethoprak


Kethoprak kuwi siji saka puluhan kesenian tradisional sing isih bertahan nganthi saiki. Kesenian iki lair sekitar taun 1920 ing Solo, nanging puncake kuwi nalika ana ing Jogja sekitar taun 1950an.
Dhek biyen kethoprak diciptakake karo wong sing neng luar kerajaan amung kanggo hiburan rakyat. Wong-wong padha nyiapake panggung lan berlagak utawa pura-pura dadi raja, pejuang, pangeran, putri lan sapa wae sing wong-wong mau pengen. Nanging seiring karo perkembangan jaman, hiburan kethoprak uga diminati karo anggota kerajaan lan ing setiap ing tiap penampilane mesthi ana sing nglawak sing bisa gawe kethoprak sansaya urip.
          Kesenian sing penyajiane utawa pementasane nganggo basa Jawa iki nduweni cerita sing akeh lan menarik. Mirip karo teater, pertunjukan iki didisi karo dialog-dialog sing nggawa penonton bisa ngrasakake atmosfir “dunia” Jawa nalika jaman Raja-raja isih berkuasa.
Ceritane dijupuk saka endi wae, bisa saka sejarah tanah Jawa tekan cerita-cerita fantasi. Penampilane uga mesthi diiringi karo tembang-tembang Jawa sing disisipake ing pira-pira bagian cerita, dadi bisa disebut kethoprak kuwi mirip karo operet. Kostum lan dandanane sesuai karo adegan utawa lakon sing dimainke.
Awale, kethoprak amung nggunakake iringan suara lesung lan alu sing biasa digunakake kanggo alat sing gawe numbuk pari. Alat-alat kuwi ngetokke suara: prak, prak, prak sing merupakan asal mulane kata kethoprak. Nanging saikijalan cerita kethoprak diiringi karo irama gamelan lan keprak sing ora mandhek. Lan kuwi pancen menarik kanggo dinikmati, apa maneh pertunjukane kethoprak sing suguhake ngangkat cerita humor sing bisa gawe para penonton ngguyu.

http://ockym.blogspot.co.id/2011/01/pengertian-ketoprak.html

BAGONG



4.   BAGONG





Bagong menika asalipun sangking tembung al ba gho ya (perkara buruk). Bagong menika punakawan Jawa. Bagong menika putra bungsu sangking Semar utawi punakawan nomer papat. Ing cerita pewayangan, Bagong menika tokoh ingkang dipun ciptakaken sangking bayangan Semar. Bagong awakipun tambun gemuk kaya Semar. Nanging kaya putra-putra semar ingkang sanes, Bagong uga remen guyon nalika ngadhepi masalah ingkang serius. Serta gadhah sifat lancang lan seneng berlagak bodoh. Bagong uga lucu. Karakter ingkang dipun simbolaken sangking bagong inggih menika manungsa iku sederhana, sabar, lan ora kudu kagum marang kauripan ing dunya iki.

Filosofi :
Bagong menika putra ingkang nomer telu sangking Semar. Wujud sangking karya. Bagong menika dipun anggep manungsa ingkang sampurna. Meski bentuk petruk jangkep kaliyan kaendahan lan kasempurnaan, nanging bagong menika ingkang dipun anggep manungsa ingkang utuh. Merga  dheweke gadhah kekurangan. Manungsa ingkang sejati menika manungsa ingkang nggadhahi keluwihan lan kekurangan. Dados mboten usah wedi utawa isin marang kekurangane awake dhewe. Merga kekurangan menika ingkang ndadhosaken kita manungsa ingkang utuh. Ingkang perlu kita pikiraken samenika yaiku kados pundi kita saget meminimalaken kekurangan kita, lan maksimalaken keluwihan kita. Merga kekurangan lan keluwihan menika mboten saget kita  buang utawi dipun icalaken.

http://yokimirantiyo.blogspot.co.id/2013/01/mengenal-karakter-tokoh-punakawan.html