Jumat, 01 Januari 2016

Kethoprak



Sejarah Kethoprak


Kethoprak kuwi siji saka puluhan kesenian tradisional sing isih bertahan nganthi saiki. Kesenian iki lair sekitar taun 1920 ing Solo, nanging puncake kuwi nalika ana ing Jogja sekitar taun 1950an.
Dhek biyen kethoprak diciptakake karo wong sing neng luar kerajaan amung kanggo hiburan rakyat. Wong-wong padha nyiapake panggung lan berlagak utawa pura-pura dadi raja, pejuang, pangeran, putri lan sapa wae sing wong-wong mau pengen. Nanging seiring karo perkembangan jaman, hiburan kethoprak uga diminati karo anggota kerajaan lan ing setiap ing tiap penampilane mesthi ana sing nglawak sing bisa gawe kethoprak sansaya urip.
          Kesenian sing penyajiane utawa pementasane nganggo basa Jawa iki nduweni cerita sing akeh lan menarik. Mirip karo teater, pertunjukan iki didisi karo dialog-dialog sing nggawa penonton bisa ngrasakake atmosfir “dunia” Jawa nalika jaman Raja-raja isih berkuasa.
Ceritane dijupuk saka endi wae, bisa saka sejarah tanah Jawa tekan cerita-cerita fantasi. Penampilane uga mesthi diiringi karo tembang-tembang Jawa sing disisipake ing pira-pira bagian cerita, dadi bisa disebut kethoprak kuwi mirip karo operet. Kostum lan dandanane sesuai karo adegan utawa lakon sing dimainke.
Awale, kethoprak amung nggunakake iringan suara lesung lan alu sing biasa digunakake kanggo alat sing gawe numbuk pari. Alat-alat kuwi ngetokke suara: prak, prak, prak sing merupakan asal mulane kata kethoprak. Nanging saikijalan cerita kethoprak diiringi karo irama gamelan lan keprak sing ora mandhek. Lan kuwi pancen menarik kanggo dinikmati, apa maneh pertunjukane kethoprak sing suguhake ngangkat cerita humor sing bisa gawe para penonton ngguyu.

http://ockym.blogspot.co.id/2011/01/pengertian-ketoprak.html

1 komentar:

  1. Yuk Merapat Best Betting Online Hanya Di AREATOTO
    Dalam 1 Userid Dapat Bermain Semua Permainan
    Yang Ada :
    TARUHAN BOLA - LIVE CASINO - SABUNG AYAM - TOGEL ONLINE ( Tanpa Batas Invest )
    Sekedar Nonton Bola ,
    Jika Tidak Pasang Taruhan , Mana Seru , Pasangkan Taruhan Anda Di areatoto
    Minimal Deposit Rp 20.000 Dan Withdraw Rp.50.000
    Proses Deposit Dan Withdraw ( EXPRES ) Super Cepat
    Anda Akan Di Layani Dengan Customer Service Yang Ramah
    Website Online 24Jam/Setiap Hariny

    BalasHapus