Sabtu, 09 Januari 2016

MENDHUNG



Mendhung  

Angin sumilir kenceng
Godhong-godhong padha kawur
Hawa kang panas
Wus radha adhem
Manuk-mauk uga padha mabur
Ngalor ngidul
Ngetan ngulon
Kang padha bali ing omahe
Suwe saya suwe
Angin saya atis
Mega uga melu metu
Langit katon peteng
Ora suwe langit banjur
Mendhung

NELANGSA



NELANGSA

Saiki sliramu ora ana
Wus lunga adoh saka padintenanku
Amung kari khayalan
Khayalan kang endah
Rikala bebarengan karo sliramu
Amung kari kenangan
Kenangan manis karo sliramu
Saiki sliramu...
Amung ana ing temlawungku
Rasa iki..
Rasa sing ora tak pingini
Rasa sing pra tak kareke
Nelangsa